Monday, March 23, 2009

Ati kang Ringkih

Aku isih ngadeg nggejejer ana ing kéné, atiku tansah gojag-gajeg. Sedhéla manèh wis manjing wektu magrib. Upamané aku nerusaké lumakuku mulih menyang ngomah saiki, mesthi aku bakal kepancal magrib ana ing ndalan. Apa manèh iki wektu surup, dalanan mesthi macet, aku mbayangaké kahanan bis kang kebak, panas, lumakune kang pedhat-pedhot jalaran dalanan kang kebak. Nanging yen aku ngentèni magrib dhisik, awakku iki wis ora sranta anggone ngadeg. Sikilku iki paribasan bengak-bengok njaluk dislonjoraké.



Kaya adaté, suwasana sore ing daerah Ramsis pancen rame tenan. Kendharaan kang padha sliwar-sliwer diramèni suara klakson saut-sautan. Kernèt bis kang padha bengak bengok, para penumpang nyabrang mrana-mréné, para polisi kang ribut ngatur dalan. Aku nembé waé mudhun saka sepur ing stasiun gedhé ngarep kaé, nembé wae mulih saka lunga dolanku ana ing kutha Damanhur, ing laladan Mesir sebelah lor kana.

Mèh seminggu aku nginep ana omahe kanca kuliahku Midhat. Dina setu kepungkur aku mèlu dhèwèke mulih kampung. Wis biyen jan-jané aku njanjèni bocah kuwi yèn aku mèh dolah ana ing omahé. Nanging lagi liburan musim panas ini aku lagi bisa nyaur janjiku iki. Sakmesthiné, dina iki durung wayahku mulih mbalik ana ing Cairo iki. Ananging aku wis rumangsa pakéwuh menawa aku suwé-suwé ana ing kana. Midhat sak kulawarga kang apikan marang aku, kahanan kampunge kang subur mranani atiku, ngusadani rasa kangenku marang sawah lah kali. Apa manèh pawongan kampung kang katon sumèh lan semanak, ora kaya pawongan ibu kota kéné, kang katon ora tepa salira. Ananging ya saking apikané kulawarga Midhat mau sing ndadèkaké aku rumangsa ora kepénak. Pasugatan kang sarwa cumepak, mobil lan kanca kang tansah sumadya nalikanè aku kepéngin saderma mlaku-mlaku, ndadèkaké atiku tambah ora jenak.

Mula kuwi mau, aku pamitan dina iki, sanajan digondhèli Midhat sekulawarga, luwih-luwih ibuné. Nanging aku matur yèn aku duwé kaperluan ndadak ing Cairo, senajan sejatiné aku wis rumangsa ora kepénak waé suwé-suwé ana ing kana.

Nanging sakwusé mikir-mikir sakwetara, aku banjur mutusaké yen bakal ngentèni magrib ana ing Ramsis kéné. Aku banjur mlaku tumuju ing mesjid Al Fath ana ing cedhak kono. Jam wolu kurang sethithik, magrib sedhéla manèh teka. Ana ing Mesir kéné, ing musim panas kaya ngéné, srengéngé bisa lagi surup ana ing jam wolu.

***

Sholat magrib jamaah wis bubar, aku banjur mbalik ing papan panggonanku ngadeg mau. Aku wis sholat, nanging aku isih gojag gajeg. Sing tak bingungké saiki yaiku arep numpak apa pinuju bali ing ngomah. Omahku kang ana ing daerah Zahra, kalebu ing laladan Madinat Nasr, kang lumayan adoh saka kéné. Aku bisa milih bis gedhé, bis cilik, atawa numpak angkutan kota, banjur nyambung manèh. Numpak taksi uga bisa, ananging iki dudu pakulinanku minangka mahasiswa. Numpak sepur bawah tanah uga bisa, nangin nyambungé bakal luwih adoh. Ana siji pilihan manèh yaiku trèm listrik. Ananging, senajan nyambungé ora adoh, saka ngomah, iki bakal dadi suwé amarga lamakuné trèm kapétung mubeng..

Dumadakan aku kepikiran mulih mawa numpak trèm listrik. Rada gendheng rumangsaku. Awak lungkrah kok malah dijak mlaku-mlaku, kaya awak kang bergas waé.

"Ora dadi ngapa, suwé yo bèn, utekku lagi koming!" Batinku

Trèm lumaku alon-alon. Gerbong mirang-miring mengiwa lan menengen, kadhang kala kabel listrik ana ing ndhuwur nyipratake kembang api. Aku ngrogoh handphone ana ing sak celana. Aku banjur mbukak sms kang tak tampa mau ésuk. Tak penthelengi manèh wola-wali. Iki sejatiné kang ndadèkaké aku kepéngin mulih cepet-cepet ana ing Cairo. Menawa rasa pakéwuh marang kulawargane Midhat kuwi wis ana kawit wingi-wingi, nanging aku ora wani pamit. Lha sms iki sing ndadèkake aku kawetu pamit, sanajan ya tak wanèk-wanèkaké.

Sms saka Sari, pawongan kang tau tak wènèhi janji. Janji supaya aku ora lunga suwé ana ing paran, banjur cepet-cepet mulih karebèn cepet anggoné wong sakloron rabi. Ananging, pitung tahun ana ing kéné, kuliahku yo ora ndang lebar. Rong taun kepungkur, nalikané Sari rampung diwusudha, aku wis ngomong supaya Sari nglalèkna aku waé. Aku rumangsa ora mblénjani janji marang dhèwèké, jalaran kahanan pancen abot. Aku dhéwé yo mbatin yèn janji sing kaya kuwi mau mung saderma kembang lambéné bocah nom kang lagi ketaman asmara. Ananging sing arané bocah wadon, Sari isih tetep ngugemi apa kang dadi impèné. Aku yo mung ngomong supaya dhèwèké nampa waé menawa ana pawongan kang nyedhaki lan karasa pantes.

Ésuk iki mau sms kuwi teka. Sari nyritakaké yèn wis ana pawongan kang ngajak dhèwèké urip bebrayan. Pawongan kuwi wis urip mapan, lan Sari dhéwé ngaku yèn nduwèni rasa marang pawongan iku. Ana ing pungkasan, Sari nakokaké apa aku isih kena ditunggu apa ora.

Aku mung dheleg-dheleg ana ing kursi iki. Jèjèrku, ngarepku, wong-wong kang katoné mulih saka nyambut gawé, uga padha meneng. Aku banjur mikir, pawongan kaya aku kang kaya mengkéné apa ya isih pantes dientèni. Urip kang isih nggandhul marang beasiswa, kamangka kuliahé ya ora ndang lebar. Sewaliké, Sari kang wis sarjana, uga wis bisa ngancik ana ing sikilé dhéwé. Lan wang lanang kaé, kang wis urip mapan, mesthi bener-bener siap urip dadi wong lanang. Mesthi wong kuwi sugih, berpendidikan, saingga bisa nglayokaké atine Sari. Ahhhhh....

Pating sliwer pangèlingku marang jaman sekolah biyèn. Donya kang kaya duwèke wong loro. Pikiran bocah enom kang cupet, kang nyawang tanpa kira, kang nyukulaké suwijining janji. Aku sakbeneré yo isin marang awakku dhéwé gegandhèngan karo janji mau. Karepku saiki malah supaya Sari ora ngentèni aku manèh.

Ananging aku yo isih rumangsa nduwe ati marang bocah wadon siji iki. Aku rumangsa abot kélangan wong kuwi. Bola-bali aku biyen negeské yen aku bakal mulih ora ing wektu suwi. Ndilalah kok Sari ya percaya banget marang aku. Apa yo pancèn ngéné iki kabèh bocah wadon. Dhèwèké tetep ngugemi tembungku nganti sepréné.

Lan dina iki, aku banjur ngerti sepira bingungé Sari anggoné ngentèni aku. Dhèwèké ora saknalika nampa wong lanang siji mau, amarga uga isih nduwé ati marang aku. Nanging aku ora gampang anggone mènèhi wangsulan marang sms iki. Aku ora tegel marang Sari kang urip ana ing kahanan kang sarwa ora genah. Nanging aku dhéwé ya abot menawa ngeculaké bocah wadon siji iki. Aku isih tresna.

***

Trèm mandheg ana ing salah suwijing halte. Ngarep kono kuwi bunderan Roxy, déné gerbong isih kebak penumpang. Dumadakan handphone ing tanganku muni, ana telpon saka suwijining bocah wadon sing tak kenal, Hani.

"Halo! Assalamu 'alaikum! Ning ndi, Mas?" Suara saka ing kana.
"Wa'alaikum salam, aku isih ning ndalan iki, piyé kabaré, ana perlu apa?" Jaréku bali takon.
"Apik, Mas. Mmm, ora ngapa-ngapa sih. Yaaaa. Jané yen mas Minan nganggur tak jaluki tulung ndandani komputerku. Mau awan isih bisa, nanging nembé waé tak uripaké kok ora bisa" Hani negesaké karepé.
"Ora ngapa-ngapa, lungaku ora adoh kok, aku langsung mrono, entènana waé!" Gunemku kanthi semangat.
"Tenan ki.... Yo yèn ora bisa ya ora ngapa-ngapa kok Mas, aku bisa njaluk tulung karo mas Agus," tutur Hani kalem.
"Ora kok, tenan, aku iki sisan mulih kok!" tegesku.
"Ya wis tak tunggu ning kéné ya..." Hani ngucap maneh
"He eh, he eh, aku ora suwé tekan kono!" kandhaku
"Oke lah, ketemu ning kéné Mas, assalamu alaikum..." Hani mungkasi pacelathon
"Yuk, wa alaikum salam" jawabku.

Aku banjur ngadeg, siap siap mudhun ana ing halte Roxy ora suwé manèh. Sakmandhegé trèm, aku banjur mak klépat mlayu sakcepeté lan nyegat taksi. Sakbeneré trèm iki ya bakal lewat ing dalan Mustafa Nahhas, dalan sakcedhaké apartemen kang dipanggoni Hani. Nanging aku wis ora sabar, aku selak kepéngin ketemu karo bocah wadon siji iki. Beja tenan, aku onjo ana ing babagan komputer, mulané nalika komputeré Hani rèwèl, aku wong kapisan kang ditelpon.

Hani. Iya, Hani. Kenya siji iki kang wus mèh setaun cedhak karo aku, lan mulai ngisik-isik lawang atiku. Saiki aku bakal ketemu bocah siji iki, masa bodhoa awak kang lungkrah. Perkaraku kang gegandhèngan karo Sari, wong lanang mau, sms mau, aku ora nggagas babar blas. Aku pancèn gendheng. Mbuh...

Madinat Nasr, 2008




0 Comments: