Friday, March 13, 2009

Santhèt

Pungkasané aku tekan uga. Sawisé rampung nyambut gawé awan mau, aku banjur muter-muter golèk obat kang dipesen mbakyuku kanggo ibu kang lagi gerah. Pancen ora gampang golèk obat kuwi mau, Ora bisa ditemu ana ing sembarang apotek. Sepédha motor tak parkir ana ing parkiran kos-kosan. Aku banjur lumaku pinuju ing kamarku. Dina setu iki aku pancèn wis duwé niyat bakal mulih ngomah. Mampirku ana ing kos-kosan iki ya mung saderma njupuk salin,uga ngaso sawetara. Ora suwé-suwé cepet budhal, amarga langit wis katon mendhung, karebèn ora kudanan.

Ngliwati pojokan kos-kosan, panggonan bocah-bocah nonton tivi bareng-bareng, mripatku langsung mak klépat méngo ngertèni ana bleger manungsa lungguh ing ndhuwur kursi dawa. Wong siji kuwi saknalika mèsem. Aku mlenggong, mataku mlilik sawetara.

"Erwin!" Celukku, isih nganggo mata kang mlilik.

Dhèwèké ora njawab, malah ngguyu lakak-lakak. Erwin iki bocah kang biyèn tau urip bareng ana ing kos-kosanku sing biyèn. Bocah iki asli Pekalongan, nanging sarampungé kuliah langsung nyambut gawé ana ing Semarang. Déné aku entuk penggawéyan ana ing kutha kéné; Yogja. Erwin iki wis tau mara mréné ing kos-kosan iki, sawetara setengah tahun kepungkur.

Sabanjuré, sakloron padha crita-crita kahanan lan kabar awaké dhéwé-dhéwé. Nalika aku takon perluné mara ing Yogja, dhèwèké crita yèn duwé perlu ana ing dhaérah secedhak Kaliurang kana. Karepé Erwin, aku ngancani mlaku munggah supaya ora dhéwéan. Aku banjur takon kenang apa dhèwèké ora ngabari aku ndhisik sadurungé mara mréné. Dhèwèké mung ndrèngès.

"Yèn aku ngabari sik, mesthi kowe bakal sélak, amarga wegah ngancani aku, hahaha," Erwin ngguyu.

Pancen bener, upama Erwin ngabari sik, mesthi aku emoh. Aku wis kudu mulih, amarga ya mung iki wektu prèiku. Luwih penting manèh, aku wis ditunggu keluarga gegandhèngan karo obat pesenan iki.

"Lha kok kowé ora mara wingi-wingi?" Dhedhesku.
"Aku lak yo nyambut gawé, kowé ya ngerti dhéwé", wangsulané Erwin.
"Lha aku mèh bali Klathen lho Win," tegesku.
"Alaah, ora suwé kok, aku mengko ya langsung bali, kowe bali bengi-benginan lak ya bisa." Kaya mengkono ujaré Erwin.

Aku wis ora kepèngin kakèhan ukara. Tak iyani waé karepé bocah siji iki. Rumangsaku, yen soré iki langsung mangkat, mengko bengi bisa langsung lebar urusane. Aku bisa bali, Erwin uga iya. Ananging dumadakan udan teka kanthi nggerjih. Dientèni nganti surup, udan kok ya ora lebar. Bar magrib, udan wis rada suda, nanging isih gerimis. Tinimbang nglangut ana ing kéné, aku karo Erwin mutusaké supaya mangkat saiki.

Awak iki asliné wis kesel banget. Aku sakjané rada males numpak sepedha motor ana ing ngarep. Durung ilang pegelku numpaki sepedha motor awan mau. Apa maneh ngèlingaké mengko aku bakal numpak sepédha manèh pinuju ngomah, aku rumangsa males banget. Ananging aku ya mesakaké marang Erwin kang uga kesel sakwusé teka saka Semarang. Akhiré ya aku sing ngalahi lungguh ana ing ngarep.

Erwin tau sepisan mara ana ing omahé pawongan kang bakal ditamoni bengi iki. Jebul Erwin wis rada lali endi panggonané omah kang katuju iki. Aku ya ora pati paham dhaérah iki, aku mung manut marang Erwin menawa ngucap 'kiwa' utawa 'tengen'. Ping telu Erwin wis mudhun nakoaké alamat marang wong-wong ing pinggir dalan. Pungkasane ketemu uga omah kang digolèki. Désa kang isih sepi, dalan kang durung diaspal, kepara malah munggah mudhun amarga wis mlebu laladan èrèng-èrènging gunung Merapi.

Beja tenan, omah kuwi bener cocok karo kang digoleki. Bejané manèh pawongan kang digoleku uga pas ora lelungan. Erwin kang mbukak omongan, aku mung kadhang ngguyu karo manthuk-manthuk. Sakwusé ngenalaké awak, Erwin banjur matur menawa dhèwèké anduwèni perlu. Sabanjuré, wong lanang tuwa mau mung mèsem, tangan tengené awèh tandha supaya Erwin mlebu ing njero. Aku kang ora paham, namung tolah-tolèh sinambi nyruput tèh tubruk kang wus disugataké. Udan wis terang ana ing njaba. Pancèn adhem tenan bengi iki.

Sakjroné kira-kira rong puluh menitan, aku ditinggal dhéwé. Erwin lan kang kagungan omah metu saka njero. Aku gantian kang ditakoni marang bapak siji iki; ditakoni babagan endi asliku, apa nyambut gawéku, lan sakpinunggalané. Rumangsa cukup, Erwin banjur pamitan.

Dalanan isih teles ing banyu udan. Erwin katon sumringah, saiki dhèwèke kang lungguh ana ing ngarep. Aku banjur takon babagan pawongan kuwi mau, lan apa karepe Erwin nemoni wong iki.

"Wong kuwi mau dhukun, aku biyèn rene dijak kancaku kang kélangan sepedha motoré. Sakwusé mréné, montoré pancèn ketemu!" Erwin njelasaké.
"Lha perlumu saiki apa?" Takonku péngin ngerti.
"Aku lagi lara ati marang wong lanang kang ngrebut pacarku. Aku mara iki mau amaga aku pengin ngirim santhèt." Wangsulane Erwin.
'Haa!! Santhet?!" Aku rada mbengok.
"Santai kok, mung santhèt enthèng kok, mung lara cacar sak awak" Erwin nuturi aku.

Aku banjur meneng cep klakep. Sakjané akeh sing péngin tak takonake; babagan urusané karo pacaré lan wong lanang mau, babagan santhèt mau, babagan kepiyé pawongané dhukun mau, lan liya-liyané. Nangin ukara ora bisa kawetu saka tutukku.

Satekane ana ing ring road Kentungan, Erwin njaluk diteraké langsung ing terminal Njombor. Dhèwèké arep langsung bali, numpak bis jurusan Semarang ana ing kana. Sakwusé ngentèni Erwin nganti bis teka, aku banjur mulih kos-kosan. Aku ngabari keluarga yèn aku ora sida bali saiki, lan aku bakal teka ing omah sésuk ésuk. Aku mung ngandhani yèn ana urusan penggawéyan, kamangka asliné aku mung kekeselen. Aku banjur adus, salin, nyèlèhake sirah ana ing ndhuwur bantal. Mataku mung nrawang uwung-uwung, ngèlingké kedadéyan mau.

***

Jam sanga kurang seprapat aku wis tekan pertelon mlebu desaku. Ana ing ngarep omah, aku weruh ana sepédha motor kang aku ora kenal sapa sing nduwé. Sepédhaku tak parkir ana ing èmpèr omah. Pas aku arep mlebu lawang, ana wong lanang tuwa kang metu saka njero omah. Pawongan kuwi mèsem nalika papasan karo aku, déné aku ya mbales mawa èsemku. Ana ing lawang, kakangku ngadeg nguntabaké tamu mau.

Sakwusé sepédha motor mau ilang ing paningal, aku banjur takon marang kakangku.

"Mas, sapa tamu mau?" Telisikku.
"Kuwi mau, pak Tanto, wong piter kang mau niliki ibu. Ngendikane pak Tanto, gerahe ibu ki jalaran saka santhèt" Ujaré kakangku.

Kakangku minger mlebu ing njero omah. Aku tetep ngadeg ing ngarep lawang, nyawang mengarep, ananging suwung.

Gami3, Jemuah, 26 Desember 2008



0 Comments: